2 Peter 2:13 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
sarta bakal ngalami nasib ala minangka pituwasing durakane. Seneng-seneng saben awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember sarta blentong, kang mendem ing sajroning nuruti hawa-nepsune, samasa padha mangan ngombe bebarengan karo kowe kabeh.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong-wong kuwi wis mesti bakal éntuk balesané enggoné pada nggawé ala marang liyané. Nèk awan pada seneng nglakoni apa waé kanggo ngumbar kesenengan sing ora pantes. Pantyèn ya ngisin-isinké tenan sing dilakoni karo wong-wong kuwi. Nèk pada mèlu mangan bebarengan karo kowé wong-wong kuwi namung ngregeti kumpulanmu, awit ora pada isin nuruti apa senengé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan bakal ngalami nasip ala kanggo upahé durakané. Nguja kesenengan ing wantyi awan dianggep sakwijiné sing nyenengké. Pada dadi rereget lan blorèng, sing mendem ing sak njeruhné hawa nepsuné, yèn pada mangan lan ngombé bebarengan karo kowé kabèh.