2 Samuel 1:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kawula nyelaki Sang Prabu lajeng kawula sedani, amargi kawula mangretos, bilih panjenenganipun temtu boten lestantun gesang, sasampunipun dhawah. Jamanging mustakanipun saha kelat baunipun sami kawula pendhet lan punika sadaya kawula aturaken wonten ing ngarsanipun gusti kawula.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kula nyélaki Saul terus kula patèni, awit kula ngerti, yèn panjenengané mesti ora tetep urip, sakwisé tiba. Jamang sirahé lan gelang lengenné pada kula jikuk lan iki kabèh kula pasrahké ing ngarepé bendara kula.”