2 Samuel 1:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ing dina kaping telu ana wong tunggalé suradadu-suradaduné Saul, sandangané suwèk-suwèk, lan sirahé diwur-wuri lemah. Bareng tekan ing ngarepé Daved, sujut ing lemah lan nyembah.