2 Samuel 1:20 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iku aja diwartakake ana ing Gat, lan aja digiyarake ana ing lurung-lurunge Askelon, supaya para wanita ing Filisti aja nganti padha suka pari suka, lan para prawane wong ikutan padha jingklak-jingklak.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi aja dikabarké ing Gat, lan aja diomongké ing dalan-dalané Askélon, supaya para wong wadon ing Filistèn aja nganti pada seneng-seneng, lan para prawané wong sing ora sunat pada jingklak-jingklak.