2 Samuel 1:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong kang mati kapupu tanpa wutahing getih, lan para prawira tanpa gajih. Jemparinge Sang Yonatan ora tau bali nglaha, pedhange Prabu Saul ora tau bali nglenthung.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong sing mati tanpa kutahé getih, lan para suradadu tanpa gajihé. Panahé Yonatan ora tau bali tanpa olèh gawé, pedangé Saul ora tau bali nglentung.