2 Samuel 11:27 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wektune nandhang prihatin wis pundhat, Sang prabu Dawud utusan nimbali wong wadon iku menyang ing daleme. Wong wadon iku dipundhut garwa lan mbabar putra kakung. Nanging prakara kang wus dilampahi Prabu Dawud iku ala ana ing paningale Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng waktuné ngalami kasusahan wis kliwat, Daved kongkonan nyeluk wong wadon kuwi menyang ing omahé. Wong wadon kuwi dijikuk dadi bojoné lan nglairké anak lanang. Nanging perkara sing wis ditandangi Daved kuwi ala ing ngarepé GUSTI.