2 Samuel 11:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Dawud banjur utusan wong kadhawuhan nglantarake pangandikane marang Senapati Yoab mangkene: “Uria wong Het iku dhawuhana seba marang ngarsaningsun.” Senapati Yoab banjur ndhawuhi Uria seba marang ngarsane Sang Prabu Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved terus ngongkon wong ngabaraké tembungé marang Yoab mengkéné: “Uria wong Hèt kuwi omongana ngadep marang aku.” Yoab terus mréntah Uria ngadep marang Daved.