2 Samuel 12:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhawahake bilai marang sira kang timbul saka kulawarganira dhewe. Ingsun bakal mundhut para rabinira ana ing ngareping mripatira lan Sunparingake marang wong liyane, kang bakal nuroni iku ing wayah awan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkéné tembungé GUSTI: Aku bakal nibakké tyilaka marang kowé sing tukul sangka brayatmu déwé. Aku bakal njupuk para bojomu ing ngarepé mripatmu lan Tak wènèhké marang wong liyané, sing bakal nuroni kuwi ing wayah awan.