2 Samuel 12:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng ing pitung dinane kang putra nemahi seda. Lan para abdi dalem padha wedi ngaturi uninga marang Sang Prabu, yen kang putra wus seda. Amarga para abdi dalem padha rasanan: “Nalika kang putra isih sugeng, aku wus padha matur marang Sang Prabu, nanging aturku ora digalih. Kapriye anggonku arep padha matur, yen kang putra wis seda? Aja nganti Sang Prabu mbilaeni sarira.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng ing pitung dinané anaké nemoni pati. Lan para abdi pada wedi ngomongi marang Daved, yèn anaké wis mati. Awit para abdi pada rerasan: “Waktu anaké ijik urip, aku wis pada ngomong marang ratu, nanging omonganku ora dirèwès. Kepriyé enggonku arep pada ngomong, yèn anaké wis mati? Aja nganti ratu nyilakani piyambaké déwé.”