2 Samuel 13:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Amnon banjur ngandika marang kang rayi Tamar: “Panganane gawanen menyang kamar, supaya aku mangan saka ing tanganmu.” Sang Putri mundhut panganan olah-olahane, nuli diaturake marang kang raka Amnon menyang ing jero kamar.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Amnon terus ngomong marang adiké Tamar: “Pangané gawanen menyang sentong, supaya aku mangan sangka tanganmu.” Tamar njupuk panganan sing diolah, terus dipasrahké marang kakangé Amnon ing njeruh sentong.