2 Samuel 13:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wasana Pangeran Amnon katuwuhan rasa sengit kang luwih banget marang Sang Putri, malah rasane sengit ngluwihi rasane remen marang kang rayi ing sadurunge. Pangeran Amnon ngandika marang Sang Putri: “Ngadega lan lungaa!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak terusé Amnon nduwé rasa sengit sing luwih banget marang Tamar, malah rasané sengit ngungkuli rasané seneng marang adiké sak durungé. Amnon ngomong marang Tamar: “Ngadeka lan lungaa!”