2 Samuel 13:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Kenya matur: “Sampun tumindak makaten dhuh kakangmas, anggen panjenengan nundhung kula punika langkung awon katimbang kaliyan ingkang sampun panjenengan tandukaken dhateng kula.” Nanging Pangeran Amnon ora maelu marang ature Sang Putri.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Prawan kuwi ngomong: “Aja nandangi mengkéné ta kakang, enggèn sampéyan nundungi kula kuwi liwat ala tenimbang sing wis sampéyan tindakké marang kula.” Nanging Amnon ora nggubris marang tembungé Tamar.