2 Samuel 13:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Absalom, kang raka, ndangu marang Sang Putri: “Apa kangmasmu Amnon iku sapaturon karo kowe? Lah saiki, dhiajeng menenga bae, wong iku kangmasmu dhewe, prakara iku aja koklebokake ing atimu.” Sang Putri Tamar manggen nyepi ana ing daleme Pangeran Absalom kang raka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Absalom, kakangé, takon marang Tamar: “Apa kakangmu Amnon kuwi nuroni kowé? Saiki, adikku menenga waé, wong kuwi kakangmu déwé, perkara kuwi aja kok lebokké ing atimu.” Tamar manggon nyepi ing omahé Absalom kakangé.