2 Samuel 14:29 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Absalom utusan nimbali Sang Yoab, arep kautus sowan marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging ora karsa. Banjur utusan nimbali maneh, kaping pindhone, ewadene iya ora karsa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Absalom kongkonan nyeluk Yoab, arep diutus nemoni marang ing ngarepé ratu. Nanging ora gelem. Terus kongkonan nyeluk menèh, kaping pindoné, nanging ya ora gelem.