2 Samuel 14:30 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Absalom banjur ngandika marang para abdine: “Lah palemahane Yoab ana ing sandhinge duwekku lan ing kana ana tandurane sair, padha mranaa, obongen iku!” Para abdine Absalom banjur ngobong pategalan iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Absalom terus ngomong marang para abdiné: “Lemahé Yoab ing sandingé duwèkku lan ing kana ana tandurané jewawut, pada mbranaa, obongen kuwi!” Para abdiné Absalom terus ngobong kebon kuwi.