2 Samuel 14:32 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Pangeran Absalom marang Yoab: “Inggih, kula sampun kengkenan tiyang mawi kula weling; panjenengan kula suwun rawuh mriki badhe kula purih sowan dhateng Sang Nata ngunjukaken atur kula makaten: Punapa prelunipun kawula wangsul saking tanah Gesur? Aluwung kawula tetep manggen wonten ing ngrika. Lah sapunika kula badhe sowan dhateng Sang Prabu. Manawi kawula kaanggep lepat, inggih sumangga kaukuma pejah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Absalom marang Yoab: “Ya, kula wis kongkonan wong karo kula meling; sampéyan kula jaluk teka mbréné bakal kula jikuk nemoni marang ratu ngomongké tembung kula mengkéné: Apa perluné kula mulih sangka negara Gesur? Aluwung kula tetep manggon ing kana. Saiki kula bakal nemoni ratu. Yèn kula dianggep kesalahan, ya kono diukuma pati.”