2 Samuel 14:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan sapunika sadaya sanak-sadherek sami nggigat dhateng abdi dalem sarta wicanten: Anakmu kang mateni sadulure iku ulungna, arep dak patem, minangka gantine nyawane sadulure kang dipateni iku lan aku iya arep numpes ahli warise. Tiyang punika sami badhe numpes turun kawula ingkang taksih kantun, temah semah kawula boten nilar nama wonten ing salumahing bumi.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan saiki kabèh sanak sedulur pada nuntut marang abdimu lan omongan: Anakmu sing matèni seduluré kuwi pasrahana, arep tak patèni, kanggo gantiné nyawané seduluré sing dipatèni kuwi lan aku ya arep ngentèkké turunanku. Wong kuwi pada bakal matèni turunan kula sing ijik kèri, nganti bojo kula ora ninggalké jenengé ing sak lumahé bumi.”