2 Samuel 15:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika Pangeran Absalom arep saos kurban, banjur nimbali Sang Akhitofel, wong ing Gilo, juru pirembage Sang Prabu Dawud, saka ing kutha Gilo. Mangkono dadine pasakuthon iku sangsaya mundhak kuwat lan sangsaya akeh wong kang ngrojongi marang Pangeran Absalom.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu Absalom arep pasrah kurban, terus nyeluk Akitopèl, wong Gilo, tukang rembuk wongé Daved, sangka kuta Gilo. Mengkono dadiné grombolan kuwi mundak kuwat lan mundak okèh wong sing mèlu ngetutké Absalom.