2 Samuel 16:4 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu banjur dhawuh marang Ziba: “Yen mengkono saduweke Mifiboset dadia duwekira.” Unjuke Ziba: “Dhawuh dalem kawula pundhi. Mugi kawula lestantun manggih sih wonten ing ngarsa dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu terus ngomong marang Siba: “Yèn mengkono sak duwèké Méfibosèt dadia duwèkmu.” Semauré Siba: “Kula manut. Muga kula tetep olèh kawelasan ing ngarepé sampéyan, duh bendara ratu kula.”