2 Samuel 17:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng wong-wong iku wus padha lunga, wong loro mau mentas saka ing sumur, banjur ngaturi uninga marang Sang Prabu Dawud sarta munjuk: “Panjenengan dalem kawula aturi tata-tata saha lajeng enggal nyabrang ing lepen punika, margi makaten-makaten pirembagipun Akhitofel tumrap ing panjenengan dalem.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng wong-wong kuwi wis pada lunga, wong loro mau mentas sangka sumur, terus ngomongi marang Daved lan ngomong: “Sampéyan kula njaluk tata-tataa lan terus gelis nyabrang ing kali kuwi, awit mengkéné-mengkono rembukané Akitopèl kanggo sampéyan.”