2 Samuel 17:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Unjuke Husai maneh: “Panjenengan dalem boten kekilapan, bilih ingkang rama saha para balanipun punika sami prawira, saha bilih sadayanipun sami sakit manahipun, kados bruwang ingkang kecalan anakipun wonten ing ara-ara. Punapa malih ingkang rama punika prajurit sajatos, balanipun boten dipun parengaken tilem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré Husai menèh: “Sampéyan apa ora ngerti, yèn bapakmu lan para suradadu-suradaduné kuwi pada penggedéné, lan yèn kabèh pada lara atiné, kaya bruwang sing kélangan anak ing ara-ara. Apa malih bapakmu kuwi suradadu sejati, balané ora dililani turu.