2 Samuel 17:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mesthinipun sapunika umpetan wonten ing guwa utawi salah satunggalipun panggenan. Manawi ing campuhipun perang kapisan wonten tiyang sawatawis ingkang tiwas lan tiyang mireng prakawis punika, temtu sami cariyos: Bala kang melu Absalom wis padha kalah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mesti saiki ndelik ing guwa utawa salah sijiné panggonan. Yèn ing majuné perang kaping pisan ana wong sing mati lan wong krungu perkara kuwi, mesti pada tyerita: Suradadu sing mèlu Absalom wis pada kalah.