2 Samuel 18:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging wong mau matur marang Senapati Yoab: “Sanadyan kula kaganjara selaka sewu sekel, kula boten badhe nggepok putranipun Sang Prabu, amargi kula sami mireng piyambak, pangandikanipun Sang Prabu dhateng panjenengan, Sang Abisai lan Itai, dhawuhipun: Wong anom Absalom iku ayomana marga saka ingsun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging wong mau ngomong marang Yoab: “Senajan kula dikèki slaka 1000 sèkel, kula ora bakal nggepok anaké ratu, awit kula pada krungu déwé, tembungé ratu marang sampéyan, Abisai lan Itai, préntahé: Wong enom Absalom kuwi ayomana awit sangka aku.