2 Samuel 18:22 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ahimaas bin Zadhok banjur matur marang Senapati Yoab: “Punapa kemawon ingkang badhe kelampahan, kula inggih kalilana mangkat mlajeng, nusul tiyang Etiopia punika.” Nanging Senapati Yoab ngandika: “Yagene kowe kok kadereng arep mangkat, ngger? Apa kowe nggawa pawarta kang ana pituwase?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ahimaas anaké Sadok terus ngomong marang Yoab: “Apa waé sing bakal klakon, kula ya supaya dililani budal mlayu, nyusul wong Etiopia kuwi.” Nanging Yoab ngomong: “Kenèng apa kowé kok uga arep budal, anakku? Apa kowé nggawa kabar sing ana upahé?”