2 Samuel 18:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging unjuke wong akeh: “Panjenengan dalem sampun ngantos mangsah perang, amargi saupami kawula ngantos keplajeng, tiyang-tiyang punika boten badhe mreduli dhateng kawula sadaya, malah sanadyan sami pejah ingkang sepalih, mesthi sami boten mreduli dhateng kawula sadaya, nanging gusti kawula punika aosipun sami kaliyan panunggilan kawula sadasa ewu. Pramila langkung sae, bilih gusti kawula siyaga mbiyantu kawula saking kitha.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging semauré wong okèh: “Sampéyan aja nganti maju perang, awit yèn kita nganti mlayu, wong-wong kuwi ora bakal perduli marang kita, malah senajan pada mati sing separo, mesti pada ora perduli marang kita, nanging bendara ajiné pada karo sedulur 10.000. Mulané luwih apik, yèn sampéyan tata-tata ngréwangi kita sangka kuta.”