2 Samuel 18:33 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu temah kaget lan sungkawa banget, nuli minggah menyang lotenging gapura, sarta banjur muwun. Sajrone tindak pangandikane mangkene: “Adhuh anakku engger Absalom, ngger, anakku Absalom! Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu. Adhuh Absalom, anakku, anakku!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu nganti kagèt lan kasusahan banget, terus munggah menyang lotèngé gapura, terus nangis. Karo mlaku tembungé mengkéné: “Oh anakku Absalom, anakku, anakku Absalom! Mbok luwung aku waé sing mati dadia gantimu. Oh Absalom, anakku, anakku!”