2 Samuel 18:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dumadakan Pangeran Absalom kepregok karo balane Sang Prabu Dawud. Anadene Pangeran Absalom nitih bihal, nalika bihal iku liwat ing sangisore bebuletaning pang wit tarbantin kang gedhe, mustakane kecantol ing wit ela iku, temah genteyongan ana ing antarane langit lan bumi, mangka bihal kang dititihi mbedhal terus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Dadakan Absalom kepregok karo suradadu-suradaduné Daved. Nanging Absalom numpak jaran, waktu jaran kuwi liwat ing sak ngisoré grumbul pangé wit terbantin sing gedé, sirahé ketyantol ing wit éla kuwi, nganti gumandul ing antarané langit lan bumi, nanging jaran sing ditumpaki mbedal terus.