2 Samuel 19:22 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Prabu Dawud ngandika: “Sira melu-melu apa he anake Zeruya, kok ing dina iki sira nglawan marang ingsun? Apa ing dina iku nganti ana wong kang dipateni ing Israel? Apa kokkira ingsun ora pirsa, yen ing dina iki ingsun dadi ratu maneh ngereh bangsa Israel?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Daved ngomong: “Kowé mèlu-mèlu apa hé anaké Seruya, kok ing dina iki kowé nglawan marang aku? Apa ing dina kuwi nganti ana wong sing dipatèni ing Israèl? Apa kok kira aku ora weruh, yèn ing dina iki aku dadi ratu menèh ngwasani bangsa Israèl?”