2 Samuel 19:35 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sapunika kawula sampun umur wolung dasa taun, punapa kawula taksih saged mbedakaken prakawis ingkang sae utawi awon? Punapa kawula taksih saged ngraosaken punapa-punapa ingkang kawula tedha utawi kawula ombe? Punapa kawula taksih saged ngemataken larasing pangidunganipun para pasindhen jaler lan estri? Punapa perlunipun abdi dalem punika taksih dados tanggelanipun gusti kawula Sang Prabu?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saiki kula wis umur wolung puluh taun, apa kula ijik bisa mbédakké perkara sing apik utawa ala? Apa kula ijik bisa ngrasaké apa-apa sing kula pangan utawa kula arep ombé? Apa kula ijik bisa ngrungokké kidungané para penyanyi lanang lan wadon? Apa perluné abdimu kuwi ijik dadi tanggungané bendara ratu kula?