2 Samuel 19:37 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kaparenga abdi dalem mantuk, supados kawula saged tilar wonten ing kitha kawula piyambak, celak kaliyan kuburipun bapa miwah biyung kawula. Nanging lah punika abdi dalem Kimham, ingkang saged ndherekaken gusti kawula Sang Prabu, saha kadamela ing sakeparenging karsa dalem.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lilanana abdimu mulih, supaya kula bisa ninggal ing kuta kula déwé, tyedak karo kuburané bapak lan ibu kula. Nanging kuwi abdimu Kimham, sing bisa ngetutké bendara ratu kula, lan kok dadèkné sak karepé sampéyan.”