2 Samuel 19:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
inggih punika anggen panjenengan dalem ngasihi tiyang ingkang sengit dhateng panjenengan dalem lan nggethingi para tiyang ingkang nresnani panjenengan dalem. Amargi ing dinten punika panjenengan dalem nelakaken, bilih para senapati lan para wadyabala sami boten wonten aosipun wonten ing ngarsa dalem. Malah kawula mangretos, bilih saupami Absalom taksih gesang, kawula sadaya sami nemahi pejah ing dinten punika, temtu ingkang makaten punika panjenengan dalem anggep sae.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ya kuwi enggèn sampéyan nrésnani wong sing sengit marang sampéyan lan nyengiti marang wong sing nrésnani sampéyan. Awit ing dina iki sampéyan ngétokké, yèn para penggedéné suradadu lan para suradaduné pada ora ana ajiné ing ngarepé sampéyan. Malah kula ngerti, yèn menawa Absalom ijik urip, kita pada nemoni pati ing dina iki, mesti sing mengkéné kuwi sampéyan anggep apik.