2 Samuel 19:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu banjur jumeneng ana ing gapura. Wong-wong banjur padha kawartanan kabeh mangkene: “Lah Sang Prabu lenggah ana ing gapura.” Wong kabeh banjur padha seba marang ngarsane Sang Prabu. Dene wong Israel wis padha lumayu, padha mulih menyang pakemahane sowang-sowangan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu terus ngadek ing gapura. Wong-wong terus pada dikabari kabèh mengkéné: Ratu njagong ing gapura. Wong kabèh terus pada ngadep ing ngarepé ratu. Nanging wong Israèl wis pada mlayu, pada mulih menyang tarup-tarupé pisah-pisahan.