2 Samuel 2:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong-wong iku padha candhak-cinandhak sirahe, lan padha pedhang-pinedhang lambunge, temah padha mati sampyuh. Mulane panggonan kono diarani Helkat-Hazurim; prenahe ing sacedhake Gibeon.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong kuwi pada tyekel-tyekelan sirahé, lan pada pedang-pedangan wetengé, nganti pada mati ambruk. Mulané panggonan kono dijenengké Helkat-Hasurim; peneré ing sak tyedaké Gibéon.