2 Samuel 2:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Asael ora kersa mandheg. Senapati Abner banjur njojoh lambunge Sang Asael kalawan tumbake, nganti tembus ing gegere, temah ambruk ana ing kono lan seda ngenggon. Sakehing wong kang padha teka ing panggonane Sang Asael kang ambruk banjur seda mau, padha mandheg.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Asaèl ora gelem mandek. Abnèr terus njojoh wetengé Asaèl karo tumbaké, nganti tembus ing gegeré, nganti ambruk ing kono lan mati ngenggon. Kabèh wong sing pada teka ing panggonané Asaèl sing ambruk lan mati mau, pada mandek.