2 Samuel 2:26 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Senapati Abner banjur nguwuh-uwuh marang Sang Yoab: “Punapa pedhang punika kedah lajeng kemawon anggenipun memangsa? Punapa panjenengan boten mangretos, manawi wekasanipun badhe ngraosaken pait getir. Ngantos taksih pinten dangunipun anggen panjenengan boten karsa ndhawuhi dhateng bala, supados sami kendel anggenipun ngoyak-oyak para sadherekipun?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Abnèr terus mbengok marang Yoab: “Apa pedang kuwi kudu terus waé anggèné mangan? Apa sampéyan ora ngerti, yèn pungkasané bakal ngrasaké pait. Nganti sak pira suwéné enggèn sampéyan ora gelem mréntah marang suradadu, supaya pada mandek anggèné ngoyak-oyak para seduluré?”