2 Samuel 20:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing wektu iku Sang Amasa gumlethak akuthah getih ana ing tengah dalan gedhe. Bareng wong iku weruh, yen sakehing wong padha nonton, mayite Amasa banjur disingkirake saka ing dalan gedhe menyang ing ara-ara, dilurubi jubah, amarga weruh, yen saben wong kang teka mrono padha mandheg nonton.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi Amasa gemlétak getihé ing tengah dalan gedé. Bareng wong kuwi weruh, yèn kabèh wong pada ndeleng, layoné Amasa terus disingkréhké sangka dalan gedé menyang ing ara-ara, ditutupi jubah, awit weruh, yèn saben wong sing teka mbrana pada mandek ndeleng.