2 Samuel 20:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging balane Sang Yoab wus tekan ing kono lan banjur ngepung dheweke ana ing Abel-Bet-Maakha, nuli padha ngundhug-undhug lemah kanggo tameng ing ngarepe kutha, nganti mepet tekan ing balowarti njaba, dene sakehe wong kang ndherek Sang Yoab padha njugangi balowartine kutha iku murih jugruge.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging suradadu-suradaduné Yoab wis tekan ing kono lan terus ngepung dèwèké ing Abel-Bèt-Maakha, terus pada ngunduk-ngunduk lemah kanggo tamèng ing ngarepé kuta, nganti mèpèt tekan ing témbok njaba, nanging sakkèhé wong sing mèlu Yoab pada ngeduk témboké kuta kuwi supaya ambruk.