2 Samuel 20:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong wadon iku banjur mlebu rembugan karo wong sakutha kabeh kanthi kawicaksanan. Sawuse iku wong ing kutha kono banjur padha nigas sirahe Seba bin Bikri lan diuncalake marang Sang Yoab. Sang Yoab banjur ngungelake kalasangka, sabalane kabeh padha bubar ninggal kutha iku, mulih menyang padunungane sowang-sowangan. Sang Yoab banjur bali menyang Yerusalem seba marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong wadon kuwi terus mlebu rembukan karo wong sak kuta kabèh karo kawityaksanan. Sakwisé kuwi wong kuta kono terus pada ngetok sirahé Séba anaké Bikri lan diuntyalké marang Yoab. Yoab terus ngunèkké trompèt, lan sak balané kabèh pada bubar ninggal kuta kuwi, mulih menyang panggonané pisah-pisahan. Yoab terus bali menyang Yérusalèm ngadep ing ngarepé Daved.