2 Samuel 21:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Rispa, anake wadon Aya, banjur njupuk bagor, dijereng ana ing ngarepe ana ing dhuwur gunung parang, wiwit mangsa panen nganti tumeka tibane udan nelesi mayit-mayit iku. Ora oleh diparani manuk-manuk ing awang-awang ing wayah awan, utawa sato kewan ing alas ing wayah bengi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Rispa, anaké wadon Aya, terus njupuk salin kasusahan, dijèrèng ing ngarepé, nduwuré gunung watu, wiwit mangsa panèn nganti tekan tibané udan nelesi mayit-mayit kuwi. Ora olèh diparani manuk-manuk ing awang-awang ing wayah awan, utawa kéwan galak sangka alas ing wayah mbengi.