2 Samuel 21:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Yisbi-Benob, kang kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure -- boboting tumbake telung atus sekel tembaga lan nyengkelit pedhang kang anyar -- ngira bisa nyedani Prabu Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yisbi-Benob, sing ijik turunané wong sing ngidap-idapi gedé duwuré - boboté tumbaké 300 sèkel tembaga lan nyengkelit pedang sing anyar - ngira bisa matèni Daved.