2 Samuel 21:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Abisai bin Zeruya banjur mbiyantu Sang Prabu Dawud, nuli ngebrukake lan mateni wong Filisti iku. Ing wektu iku wadyabalane Prabu Dawud nyuwun kalawan banget marang panjenengane, unjuke: “Panjenengan dalem sampun ngantos nyarirani perang sesarengan kaliyan kawula, supados turunipun Israel sampun ngantos tumpes sareng kaliyan panjenengan dalem.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Abisai anaké Seruya terus ngréwangi Daved, terus ngembrukké lan matèni wong Filistèn kuwi. Ing waktu kuwi suradaduné Daved njaluk karo banget marang piyambaké, tembungé: “Sampéyan aja nganti maju perang bareng karo kita, supaya turunané Israèl aja nganti entèk bareng karo sampéyan.”