2 Samuel 21:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: -- wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumundak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu terus nyeluk wong-wong Gibéon lan diomongi: - wong Gibéon kuwi ora pada kepitung bangsa Israèl, nanging klebu turahé bangsa Amori, nanging wong Israèl wis pada janji karo sumpah, nanging Saul awit sangka mempengé enggoné tumindak kanggo wong Israèl lan wong Yéhuda terus ngupaya entèkké wong-wong mau.