2 Samuel 22:40 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paduka sampun ningseti lambung kawula kanthi karosan tumrap ing perang. Tiyang-tiyang ingkang gumregah nglawan kawula, Paduka telukaken ing sangandhaping panguwaos kawula.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengan wis nyingseti bangkèkané kula karo karosan kanggo perang. Wong-wong sing ngadek nglawan kula, Panjenengan telukké ing ngisoré pangwasané kula.