2 Samuel 22:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika aku nandhang karibedan, aku sesambat marang Sang Yehuwah, marang Gusti Allahku anggonku sesambat. Lan Panjenengane miyarsakake swaraku saka ing padalemane, pasambatku nyuwun pitulung tumama ing talingane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu aku ngalami kangèlan, aku sambat marang GUSTI, marang Gusti Allahku enggonku sambat. Lan Panjenengané ngrungokké swaraku sangka omahé, sambatku njaluk tulung mlebu ing kupingé.