2 Samuel 23:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Eliasar tumandang lan mateni wong Filisti akeh banget, nganti keju tangane lan epek-epeke kraket ing pedhange. Ing dina iku Sang Yehuwah paring kaunggulan gedhe. Wadyabala padha bali nututi, mung arep ngrayah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Elasar tandang lan matèni wong Filistèn okèh banget, nganti keju tangané lan èpèk-èpèké kelèt ing pedangé. Ing dina kuwi GUSTI ngekèki kemenangan gedé. Rayat pada bali nututi dèkné, mung arep ngrayahi barang-barang.