2 Samuel 23:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur Eliasar bin Dhodho anake wong Ahohi; iku kagolong prawira telu mau. Iki kang ndherekake Sang Prabu Dawud, nalika nantang wong Filisti, kang padha nglumpuk ing kana arep andon perang, mangka para wong Israel wus padha mundur.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus Elasar anaké Dodo anaké wong Ahohi; kuwi kepitung penggedéné suradadu telu mau. Iki sing ngetutké Daved, waktu nantang wong Filistèn, sing pada nglumpuk ing kana arep perang, nanging para wong Israèl wis pada mundur.