2 Samuel 24:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse Nabi Gad sowan marang Sang Prabu Dawud ngaturi uninga marang Sang Prabu sarta munjuk: “Panjenengan dalem punapa milih wewengkon dalem kadhatengan paceklik laminipun tigang taun? Punapa panjenengan dalem milih tigang wulan keplajeng saking mengsah dalem lan dipun bujeng? Utawi milih kambah pageblug tigang dinten dangunipun? Lah sapunika sumangga kawula aturi nggalih lan nglimbang-limbang, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng Ingkang ngutus kawula.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé Gad nemoni marang Daved ngomongi marang ratu lan ngomong: “Sampéyan apa milih negarané katekan patyeklik suwéné telung taun? Apa sampéyan milih telung sasi mlayu sangka mungsuh lan diuber-uber? Utawa milih ngalami lara pès telung dina suwéné? Saiki hayuk kula njaluk mikir lan ditimbang-timbang, semaur apa sing kudu kula omongké marang sing ngutus kula.”