2 Samuel 24:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Unjuke Arauna marang Sang Prabu: “Punapa karsanipun gusti kawula Sang Prabu ngrawuhi ingkang abdi?” Paring wangsulane Sang Prabu Dawud: “Arep nuku panutonmu perlu kanggo yasa misbyahe Sang Yehuwah, supaya wewelak iki leren anggone nempuh rakyat.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré Arauna marang ratu: “Apa karepé bendara ratu kula nekani abdimu?” Semauré Daved: “Arep nuku penggilingan gandummu perlu kanggo nggawé mesbèhé GUSTI, supaya bebendu iki mandek enggoné nyerang rayat.”