2 Samuel 3:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Senapati Yoab wis kondur kadherekake wadya-balane, diaturi pirsa mengkene: “Lah Senapati Abner, bin Ner, sampun sowan dhateng ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud, lan sampun dipun parengaken mundur kanthi wilujeng.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Yoab wis mulih ditutké sak balané, dikèki weruh mengkéné: “Abnèr, anaké Nèr, wis nemoni marang Daved, lan wis dililani mulih karo slamet.”