2 Samuel 3:28 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng prakara iku kapiyarsa dening Sang Prabu Dawud, panjenengane ngandika: “Ingsun lan kratoningsun ora kaluputan ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti salawas-lawase mungguh getihe Abner bin Ner iku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Daved krungu perkara kuwi, dèkné ngomong: “Aku lan kratonku ora kesalahan ing ngarepé GUSTI, nganti sak lawas-lawasé kanggo getihé Abnèr anaké Nèr kuwi.